Sunday, 25 September 2022

Gambuh ꧅ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ

 Gambuh

Tutur bener puniku,

Sayektine apantes tiniru,

Nadyan metu saking wong sudra papeki,

Lamun becik nggone muruk,

Iku pantes sira anggo.


ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ

ꦠꦸꦠꦸꦂꦧꦼꦤꦼꦂꦥꦸꦤꦶꦏꦸ꧈

ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦺꦲꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦫꦸ꧈

ꦤꦢ꧀ꦪꦤ꧀ꦩꦼꦠꦈꦱꦏꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦢꦿꦥꦥꦼꦏꦶ꧈

ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦒꦺꦴꦤꦺꦩꦸꦫꦸꦏ꧀

ꦲꦶꦏꦸꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦱꦶꦫꦲꦁꦒꦺꦴ꧉


Friday, 23 September 2022

Ater-ater (ka-) lan Panambang (-an)

Durung suwe iki aku nemu tembung kegiyatan lan kagiyatan ana wacan ing buku, endi sing bener? Banjur aku sinau lan golek wacan ing sumber buku-buku liyane, dene asile aku nemu bab ater-ater (ka-) lan panambang (-an). Ater-ater (ka-) lan panambang (-an), kurang luwihe kaya mangkene. 

ka + giyat + an = kagiyatan

ka + saras + an = kasarasan

ka + becik + = kabecikan


Reklame

 Reklame digunakan untk menginformasikan, mengajakk, menganjurkan, dan menawarkan produk

Thursday, 22 September 2022

Watak-wataking Sekar Macapat

Pocung gadahi watak gregedan kendho, cocok kanggo carios ingkang sasekecanipun.

Gambuh gadahi watak Sumanak, sumadulur, mathuk kangge suka pitutur utawi sesorah ingkang ngemu raos radi sereng.


ꦥꦺꦴꦕꦸꦁꦒꦢꦲꦶꦮꦠꦏ꧀ꦒꦿꦼꦒꦼꦢꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦣꦺꦴ꧈ꦕꦺꦴꦕꦺꦴꦏ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦕꦫꦶꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦱꦼꦏꦺꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈

ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃꦒꦢꦲꦶꦮꦠꦏ꧀ꦱꦸꦩꦤꦏ꧀꧈ꦱꦸꦩꦢꦸꦭꦸꦂ꧈ꦩꦡꦸꦏ꧀ꦏꦁꦒꦺꦱꦸꦏꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦲꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦼꦩꦸꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦫꦢꦶꦱꦼꦫꦼꦁ꧉

Sumber: Muh. Mawardi, Marwanto. (1992). Tuntunan Sekar Macapat. Semarang: Tiga Serangkai

Tembang Pocung ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦥꦺꦴꦕꦸꦁ

 Pocung


Bapak pocung dudu watu dudu gunung,

sangkamu ing Palembang,

ngon-ingone Sang Bupati,

yen lumampah si pocung lembahan gana.

(Wangsulane yaiku gajah)


ꦥꦺꦴꦕꦸꦁ

ꦧꦥꦏ꧀ꦥꦺꦴꦕꦸꦁꦢꦸꦢꦸꦮꦠꦸꦢꦸꦢꦸꦒꦸꦤꦸꦁ꧈

ꦱꦁꦏꦩꦸꦲꦶꦁꦥꦭꦺꦩ꧀ꦨꦁ꧈

ꦔꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦔꦺꦴꦤꦺꦱꦁꦧꦸꦥꦠꦶ꧈

ꦪꦺꦤ꧀ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦱꦶꦥꦺꦴꦕꦸꦁꦭꦼꦩ꧀ꦧꦲꦤ꧀ꦒꦿꦤ꧉

(ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦺꦪꦲꦶꦏꦸꦒꦗꦃ)


Tembang Pocung ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦥꦺꦴꦕꦸꦁ

 Pocung


Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula,

pencokanmu wesi miring,

sing disaba si pocung mung turut desa.

(wangsulane yaiku sepur)


ꦥꦺꦴꦕꦸꦁ

ꦧꦥꦏ꧀ꦥꦺꦴꦕꦸꦁꦫꦺꦤ꧀ꦠꦺꦁꦫꦺꦤ꧀ꦠꦺꦁꦏꦪꦏꦭꦸꦁ꧈ꦢꦮꦏꦪꦈꦭ꧈

ꦥꦺꦤ꧀ꦕꦺꦴꦏꦤ꧀ꦩꦸꦮꦼꦱꦶꦩꦶꦫꦶꦁ꧈

ꦱꦶꦁꦢꦶꦱꦧꦱꦶꦥꦺꦴꦕꦸꦁꦩꦸꦁꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦢꦺꦱ꧉

(ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦺꦪꦲꦶꦏꦸꦱꦼꦥꦸꦂ)


Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...