Thursday 27 April 2017

Katentreman Urip

Bismillahirohmanirrohim. 
Kanthi nyebut asamanipun Allah kang maha welas lan maha asih.

"Urip iku ora mayar,"kandhane Pak Budi duk nalika semana mulang bacah-bocah ana ing sekolah menengeh tingkat pertama. Yen di onceki ukara mau pancen yo ngemu teges kang ora sithik. Apa maneh ing jaman modern iki bisa kasebut, hidup itu kompleks. Akeh panggredone, mulo kudu urip kanthi ngati-ati lan waspada. Urip ora cukup mung pinter, sugih, duwe pangkat, ayu, utawo bagus. Ananging sejatine urip iku mbutuhake katentreman lair uga batin. Kantentreman lair uga batin tumrape wong Islam iku yen bisa cedak karo sing kuasa, yo Allah pengeran kang hak wajib den sembah. 

Wong tentrem iku yen lakune tansah bener manut syariat agama. Akhlake becik lan mulyo marang sapada-pada. Pasrawungane apik kanthi tuntunan agama, marang kanca uga tangga. Keluargane rukun pada nyengkuyung laku utama. Atine resik lan tansah eling kanthi dzikrullah. Mula pancen bejo tenan wong kang uripe tansah dirahmati dening Allah kang mengerani wong ngalam kabeh. Insyaallah mboten namung bejo dunya ananging uga mbesuk wonten akhirate. Muga-muga kula lan panjenengan mlebet golonganipun wong Islam ingkang tansah dipun rahmati dening Allah pengeran kang maha welas lan maha asih. Amin.

Alhamdulillahirobbilalamin.

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...