A.
Museum
Sapa sing wis tau menyang museum? Prasasat meh kabeh bocah klas 6 wis padha menyang museum. Yen durung tau menyang museum, kapan wektu lodang bisa ngajak bapak lan ibune menyang museum. Museum
yaiku papan sing nyimpen barang-barang bersejarah. Dolan menyang museum bisa
nambah kawruh. Museum sing ana Yogyakarta akeh banget.
Tuladha
:
1. Museum Sonobudoyo
2. Museum
Affandi
3. Museum Monumen Yogya Kembali
4. Museum
Gunung Merapi
5. Museum
Benteng Vredeburg
6. Museum
TNI AU Dirgantara Mandala
7. Museum
Dewantara Kirti Griya
8. Museum
Gembira Loka
B.
Tembung
Garba lan Tembung Entar
Tembung
garba yaiku tembung kang duweni teges asli, dene tembung entar yaiku tembung
kang duweni teges kias utawa konotatif.
Tuladha:
1.
Tembung garba
Nunik nandur
kembang ing kebon
Kembang
= sekar
2.
Tembung Entar
Dwi
Lestari dadi kembang desa ing Desa
Tawang.
Kembang
desa = pepujaning priya
C.
Ukara
Pitakon
Ukara
pitakon racake migunakake tembung pitakon: apa, sapa, kapan, pira, kepiye, ing
ngendi, lan genea.
Tuladha :
1.
Apa kowe wis sinau basa Jawa kanggo PTS?
2.
Sapa sing wingi melu plesir
ing Prangtritis?
3.
Kapan jadwale PTS basa Jawa?
4.
Pira regane buku paket basa
Jawa?
5.
Kepiye carane nembang Mijil?
6.
Ing ngendi lomba nembang Mijil
dianakake?
7.
Genea kowe bisa dadi juwara
klas?
D.
Ukara
Baku lan Ide/Gagasan Baku
Ukara
baku ana ing saben alinea/paragraf, mapane ana ing ngarep utawa mburi alinea.
Ing saben ukara baku ana ide/gagasan baku.
Tuladha :
Satria bocah seneng maca buku. Ing sekolah
dheweke sregep maca buku pelajaran. Wayah umbar digunakake kanggo menyang
perpustakaan saperlu maca buku crita. Ing ngomah uga melu maca korane bapake.
Ora lali Satria nyatet apa sing penting ana buku kang diwaca.
Ukara bakune :
Satria bocah seneng maca buku.
Ide/gagasan Baku : seneng maca buku
Gladhen
Semaken wacan iki!
Museum
Yogya Kembali
Sumber gambar: http://www.slemankab.go.id/
Dina Kemis klase Amelia lan kana-kancane ing klas 6 SD Nusantara melu wulangan
ing njaba kelas menyang Museum Yogya Kembali. Saka sekolah rombangan numpak bis
watara 15 menit perjalanan. Monumen Yogya kembali dumunung ing Jongkang,
Sariharjo, Ngaglik, Sleman. Monumen Yogya Kembali pinangka tetenger sejarah
mundure serdadu Walanda saka Ngayogyakarta, yaiku tanggal 21 Juni 1949. Monumen
dibangun awit prakarsane Kolonel Sugiyarto, Wali Kota Ngayogyakarta wektu kuwi.
Peresmian monumen lan tandha tangan prasasti tanggal 6 Juli 1989 dening
Presiden Soeharto.
Tekan museum para siswa banjur
didumi tiket. Kanthi antre, tiket banjur diaturake marang petugas jaga ana ing
gerbang mlebu. Sawise ana ing plataran
ngarep museum, Pak Guru dhawuh supaya para siswa ora pisah, njaga katertiban,
lan nindhakake tugas ngamati koleksi ana ing Museum Yogya Kembali. Asile
ngamati banjur dicatet ing lembar tugas sing wis diparingake.
Para siswa banjur nindhakake
dhawuh Pak Guru. Para siswa ngamati koleksi ana ing museum. Koleksine
werna-werna, kayata : senjata jaman biyen, sragam tentara, photo perjuangan, evokatif
dapur umum jaman perang, lan sapiturute. Sinambi ngamati koleksi, para siswa
nyatet apa sing penting saka asil anggone ngamati. Sawise kemput anggone padha
maspadakke isine museum, banjur bali ing sekolah. Tekan sekolah asil catetan
banjur disusun gawe palaporan.
Garapen manut asile nyemak!
1.
Apa irah-irahan wacan kasebut? ............................................................................
2.
Kapan monument diresmikake? ............................................................................
3.
Apa tujuwan dibangun Monumen
Yogya Kembali? .............................................
4.
Sapa sing mrakarsani
pembangunan Monumen Yogya Kembali? ........................
5.
Kepiye dhawuhe Pak Guru marang
para siswa? ...................................................