Titikane Tembang Macapat
Titikane tembang macapat ana werna telu, yaiku :
1. Guru gatra, yaiku cacahing gatra (baris) saben sapada (satu bait) tembang.
2. Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra (satu baris)
3. Guru lagu, yaiku tibaning swara (a, i, u, e, o) ing pungkasane gatra (baris)
Umpama:
Mijil
Dhedalane guna lawan sekti,
kudu andap asor,
wani ngalah dhuwur wekasane,
tumungkula yen dipundukani,
bapang den simpangi,
ana catur mungkur.
Semaken video iki!
Tugas apalna tembang ana ing video kasebut!
Banjur rekamen video anggonmu nembang!
Rekaman banjur dikirim ing Bapak/Ibu gurumu liwat media Wapri!