Monday 24 June 2019

Candhi Borobudhur


Candhi Borobudur

Yara bocah kelas VI ing SD Negeri Pesidi, Kecamatan Grabag, Kabupaten Magelang. Nalika wulan Mei sekolae Yara nganakake Studi Wisata ing Candhi Borobudur. Yara karo kanca-kanca kelase bungah atine bisa melu Studi Wisata ana Candhi Borobudur. Candhi Borobudur iku candhi kang misuwur kalebu kaelokaning donya. Candhi Borobudur papane ana ing Kabupaten Magelang ora adoh seka Sleman, Kulon Progo, lan Purworejo. Candhi iku digawe nalika jaman Prabu Smaratungga seka kerajaan Mataram Hindhu.
Tekan candhi, Yara rumangsa nggumun marang Candhi Borobudur. Deweke gumun dene candhi sing klebu candhi Budha iku adhedasar panalitian para winasis, umure wis ewunan taun ananging iseh endhah kukuh bakuh gagah prakoso merbawani. Anane Candhi Borobudur dadi salah swijine bukti menawa bangsa Indonesia ing nalika semana duweni kabudayan kang adi luhung.
Kajaba kanggo papan pariwisata, candhi Borobudhur iku minangka papan pamujan marang Sang Budha Gautama lan tirakatan wong-wong Budha. Nalika ngayahi tirakat, lakune diwiwiti saka perangan dhasar candhi kanthi mlaku ngubengi yasan candhi tumuli munggah menyang pucuking candhi ngliwati telung tataran simbulis ing kosmologi Budha: Kamadhatu, Rupadhatu, lan Arupadhatu. Ing Candhi Barabudhur, wong kang teka ngliwati undhak-undhakan kang akeh cacahe lan lurung-lurung kang tembok-tembok lan langkan-langkane ana relief cacah 1.460 kang mawujud carita. Relief Budha ing Barabudhur dadi kumpulan relief Budha kang gedhe lan pepak dhewe sajagat. Ing Pucuking candhi ana stupa paling gedhe sing dadi mahkotaning candhi. Ana uga stupa sing njerone ana reca Budha kanthi sikep sila teratai lan mudra Dharmachakra mudra.

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...