Sunday 16 February 2020

Tata Cara Mertamu



1.    Urut-urutane mertamu
a.    Uluk salam, kula nuwun, thotok-thotok lawang
b.    Mlebu ruang tamu yen sing duwe omah wis akon mlebu
c.    Lungguh yen sing duwe omah wis akon lungguh
d.    Bage-binage, ngabarake keslametan
e.    Ngandharake keperluane mertamu
f.     Mangan suguhan yen disuguh lan yen wis dikon mangan
g.    Pamitan yen prelune wis rampung
h.    Metu saka ruwang tamu
2.    Tata kramane mertamu
a.    Lungguh sing becik, ora kena jegang
b.    Mripat ora kena jelalatan
c.    Aja mertamu nalika wayah surup
d.    Aja mertamu nalika wayah ngaso
e.    Omong sing alon lan kepenak, nganggo unggah-ungguh sing bener
f.     Yen njupuk suguhan, njupuka sing cedhak nganggo tangan tengen. Olehe mangan alon-alon ora karo guyon.

Tuesday 4 February 2020

Ukara Baku lan Ide/Gagasan Baku


Ukara Baku lan Ide/Gagasan Baku

Ukara baku ana ing saben alinea/paragraf, mapane ana ing awal utawa akhir alinea. Ing ukara baku ana ide/gagasan baku. Ide/gagasan baku yaiku wose ukara baku kanthi ringkes lan cetha. Ing wulangan basa Indonesia ukara baku arane kalimat utama dene ide /gagasan baku arane ide pokok utawa gagasan utama.

Tuladha:

                       

Ing museum ana tata tertib kang kudu dimangerteni lan ditaati saben-saben pangunjung. Tata tertib ana ing museum iku maneka warna kayata: ora kena mbuwang uwuh ing sembarang papan, ora kena corat-coret, ora kena ngemek koleksi, ora kena nggunakake koleksi museum kanggo dolanan apa maneh nganthi ngrusak. Tata tertib biyasane ditulis lan ditempel ana ing ngarep lawang mlebu museum, cedhak koleksi tartentu, utawa ing papan strategis sing gampang dipriksani para pangunjung. Tata tertib bisa katulis kanthi basa Jawa, basa Indonesia, ana uga basa mancanagari. Tata tertib digawe kanthi tujuwan supaya koleksi museum tetep awet saengga bisa kanggo media sinau para pangunjung lir gumanti.

Ukara baku :
Ing museum ana tata tertib kang kudu dimangerteni lan ditaati saben-saben pengunjung

Ide/gagasan baku:
Tata tertib ing museum

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...