Tuesday 1 September 2020

Tembang Mijil (2)

 Semaken vidio tembang macapat ana ing link iki!



Wacanen kanthi patitis!

Tulisna ing buku tulismu!

Panca Purba lan Panca Gupita


Sinau tembang macapat iku kudu ngerti panca purba lan panca gupita.

Panca purba yaiku limang tatanan ing tembang.

1.    Laras utawa nada pelog utawa slendro

2.    Titi laras utawa notasi, carane nulis tembang nganggo laras.

3.    Pedhotan, andheging lagu kanggo napas supaya ora ngos-ngosan.

4.    Andhegan, andheging lagu ing pungkasaning gatra.

5.    Pathet, watesing swara.

Panca gupita yaiku limang rerenganing tembang.

1.    Cengkok, maneka warnaning lagu.

2.    Gregel utawa embat, membat mentuling swara.

3.    Nges, gregel sing ditembangake luwih becik lan alus.

4.    Sengsem, rasa sing katon liwat praupan.

5.    Luk, ombaking swara.


1. Tulisna Tembang Mijil ana ing video ing buku tulismu!

2. Ana pira guru gatra tembang kasebut?

3. Kepiye guru wilangan lan guru lagu gatra kapisan tembang kasebut?

4. Kepiye watake tembang mijil?

5. Apa piwulang becik ana ing tembang kasebut?



Rekaman banjur dikirim ing Bapak/Ibu gurumu liwat media komunikasi!

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...