Tuesday 16 November 2021

Unggah-Ungguh Basa Mertamu

Tata Carane Mara Tamu

Mara tamu kudu nganggo trapsila lan unggah-ungguh basa sing mapan. Trapsila tegese nganggo tata krama ing solah bawa.

a. Sadurunge mlebu omah kula nuwun utawa uluk salam luwih dhisik.

b. ndhungkluk, tangan ngapurancang

c. Aja lungguh sadurunge dikon lungguh dening sing kagungan dalem.

d. Anggone lungguh sing sopan, ora kena jegang

e. ora kena jelalatan.

f. yen arep njupuk suguhan, ulatna dhisik sing arep dijupuk lan njupuk suguhan sing cedhak nganggo tangan tengen.

g. anggone mangan alon-alon, ora karo geguyon


Unggah-ungguh basa, tegese anggone omongan nganggo basa sing mapan. Tata carane antarane kaya mangkene.

a. Yen nganggo basa ngoko, ya ngoko sing bener lan yen krama uga krama sing bener. Gumantung marang sapa anggone guneman.

b. Aja nganti nungkak krama ora ngajeni marang wong kang diajak guneman.

c. Kudu ngatonake watak lembah manah lan andhap asor.


Tugas: catet ing buku tulismu materi-materi kang wigati (penting)!


No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...