Wednesday 15 January 2020

Upacara Adat


Upacara Adat
Upacara adat yaiku upacara kang nduweni nile-nile budaya, sejarah, lan agama sing turun-tumurun ditindakake dening masarakat. Upacara adat ditindakake kanthi tujuwan kayata sarana ndedonga keslametan, nguri-uri budaya, caos rasa syukur, lan sapiturute. Saperangan upacara adat dijenengi manut wektune nindakake, kayata: Saparan ditindakake nalika wulan Sapar, Rejeban ditindakake nalika wulan Rejeb, Muludan ditindakake nalika wulan Mulud, Sawalan ditindakake nalika wulan Sawal, lan sapiturute. Saperangan upacara adat dijenengi manut sejarah mula bukane lan tujuwane, kayata : Bekakak, Labuhan Laut, Sedhekah Bumi, Ruwatan Murwakala, Midodareni, Nguras Enceh, lan sapiturute.

Tuladha Upacara adat ana ing Ngayogyakarta:
1.    Upacara Tedhak Siti
2.    Nguras Enceh
3.    Mitoni
4.    Grebeg Mulud
5.    Sedhekah Laut, lsp.

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...