Tuesday 13 September 2022

Tembang Pocung

 Tembang Pocung, yaiku tembang kang ngelingake marang pepati. Pocung cedhak karo tembung pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon. Pocung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip ing donya ana pungkasane. 

Tembang Pocung bisa dititeni saka rong jinis, yaiku saka paugerane tembang lan saka sasmita tembang kang ana ing pungkasane pupuh apa dene ing wiwitane pupuh. Sasmita tembang yaiku tandha tembang utawa tetenger tembang. Tetenger tembang Pocung nggunakake tembung pucung utawa pamuncunge.

Tembang pocung uga duwe watak liya. Pocung jenenge wiji woh-wohan. Wanda cung uga marai gawe rasa seger kang ngelingake marang perkara kang lucu kaya dene isih jaman dikuncung. Tembang iki asring marai dinggo tembang-tembang kang uga lucu. Kayata parikan utawa bedhekan.

Paugerane tembang pocung, yaiku ana 4 gatra. Guru lagu u, a, i, a. Guru wilangan 12, 6, 8, 12.

Tuladha:


꧋ꦎꦕꦸꦁꦕꦼꦣꦏ꧀ꦏꦫꦺꦴꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦥꦺꦴꦕꦺꦴꦁ꧉ꦏꦪꦥꦿꦭꦩ꧀ꦧꦁꦩꦺꦴꦫꦶꦏꦁꦒꦺꦴꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦸꦱ꧀ꦭꦪꦺꦴꦤ꧀꧈ꦥꦺꦴꦕꦸꦁꦣꦶꦪꦺꦁꦒꦺꦴꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦏꦁꦧꦶꦱꦔꦼꦭꦶꦔꦏꦺꦩꦫꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦪꦺꦤ꧀ꦈꦫꦶꦥ꧀ꦆꦁꦣꦺꦴꦚꦄꦤꦥꦸꦁꦏꦱꦤꦺ꧉


꧋ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦥꦺꦴꦕꦸꦁꦧꦶꦱꦣꦶꦠꦶꦠꦺꦤꦶꦱꦏꦫꦺꦴꦁꦗꦶꦤꦶꦱ꧀‌ꦪꦻꦏꦸꦱꦏꦥꦻꦴꦒꦺꦫꦤꦺꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦭꦤ꧀ꦱꦏꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦏꦁꦄꦤꦆꦁꦥꦸꦁꦏꦱꦤꦺꦥꦸꦥꦸꦃꦄꦥꦣꦼꦤꦼꦆꦁꦮꦶꦮꦶꦠꦤꦺꦥꦸꦥꦸꦃ꧉ꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦪꦻꦏꦸꦠꦤ꧀ꦝꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦈꦠꦮꦠꦼꦠꦼꦔꦼꦂꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁ꧉ꦠꦼꦠꦼꦔꦼꦂꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦥꦺꦴꦕꦸꦁꦔ꧀ꦒꦸꦤꦏꦏꦺꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦥꦸꦕꦸꦁꦈꦠꦮꦥꦩꦸꦚ꧀ꦕꦸꦔꦺ꧉


꧋ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦥꦺꦴꦕꦸꦁꦈꦒꦣꦸꦮꦺꦮꦠꦏ꧀ꦭꦶꦪ꧉ꦥꦺꦴꦕꦸꦁꦗꦼꦤꦼꦔꦼꦮꦶꦗꦶꦮꦺꦴꦃꦮꦺꦴꦲꦤ꧀꧈ꦮꦤ꧀ꦝꦕꦸꦁꦈꦒꦩꦫꦻꦒꦮꦺꦫꦱꦱꦼꦒꦼꦂꦏꦁꦔꦼꦭꦶꦔꦏꦺꦩꦫꦁꦥꦼꦂꦏꦫꦏꦁꦭꦸꦕꦸꦏꦪꦣꦼꦤꦼꦆꦱꦶꦃꦗꦩꦤ꧀ꦝꦶꦏꦸꦚ꧀ꦕꦸꦁ꧉ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦆꦏꦶꦄꦱꦿꦶꦁꦩꦫꦻꦣꦶꦁꦒꦺꦴꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦏꦁꦈꦒꦭꦸꦕꦸ꧉ꦏꦪꦠꦥꦫꦶꦏꦤ꧀ꦈꦠꦮꦧꦼꦣꦼꦏꦤ꧀꧈


꧋ꦥꦻꦴꦒꦺꦫꦤꦺꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦥꦺꦴꦕꦸꦁ꧈ꦪꦻꦏꦸꦄꦤ꧇꧔꧇ꦒꦠꦿ꧉ꦒꦸꦫꦸꦭꦒꦸꦈ꧈ꦄ꧈꧇꧑꧇꧈ꦄ꧉ꦒꦸꦫꦸꦮꦶꦭꦔꦤ꧀꧇꧑꧒꧇꧈꧇꧖꧇꧈꧇꧘꧇꧈꧇꧑꧒꧇꧉

Sumber:

Sutriyana.(2019) Ajar Basa Jawa. Bahan Ajar Basa Jawa untuk SD/MI Kelas III. Kartasura: Media Karya Putra

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...