Tuesday 13 September 2022

Lagu Dolanan (Lelagon lan Tembang Utawa Sekar)

 Lagu dolanan yaiku lelagon kang lumrah ditembangake dening bocah-bocah, bisa uga kanthi garap ulah beksan. Dadi lagu dolanan sejatine dudu kagolongake tembang nanging kalebu lelagon. Menawa ing lelagon dolanan sing kiyat iku lagune dudu sekare. Lagu dolanan kayata, Pitik Tukung lan Bang Bang wis Rahina.

Dene tembang iku kasebut uga sekar. Sekar yaiku mengku surasa reroncening swara sing nganggo titilaras Slendro utawa Pelog lan dikantheni rumpakaning basa sumawana sastra sing gumathok. Tembang macapat kayata Mijil lan gambuh.


꧋ꦭꦒꦸꦣꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦪꦻꦏꦸꦊꦭꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦁꦭꦸꦩꦿꦃꦣꦶꦠꦺꦩ꧀ꦧꦔꦏꦺꦣꦼꦤꦶꦁꦧꦺꦴꦕꦃꦧꦺꦴꦕꦃ꧈ꦧꦶꦱꦈꦒꦏꦤ꧀ꦛꦶꦒꦫꦥ꧀ꦈꦭꦃꦧꦼꦏ꧀ꦱꦤ꧀꧈ꦣꦣꦶꦭꦒꦸꦣꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦺꦣꦸꦣꦸꦏꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦏꦺꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦤꦔꦶꦁꦏꦭꦺꦧꦸꦊꦭꦒꦺꦴꦤ꧀꧈ꦩꦼꦤꦮꦆꦁꦊꦭꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦱꦶꦁꦏꦶꦪꦠ꧀ꦆꦏꦸꦭꦒꦸꦤꦺꦣꦸꦣꦸꦱꦼꦏꦫꦺ꧉ꦭꦒꦸꦣꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦏꦪꦠ꧈ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ꦠꦸꦏꦸꦁꦭꦤ꧀ꦧꦁꦧꦁꦮꦶꦱ꧀ꦫꦲꦶꦤ꧉


꧋ꦣꦼꦤꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦆꦏꦸꦏꦱꦺꦧꦸꦠ꧀ꦈꦒꦱꦼꦏꦂ꧉ꦱꦼꦏꦂꦪꦻꦏꦸꦩꦼꦁꦏꦸꦱꦸꦫꦱꦉꦫꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦤꦶꦁꦱ꧀ꦮꦫꦱꦶꦁꦔꦁꦒꦺꦴꦠꦶꦠꦶꦭꦫꦱ꧀ꦱ꧀ꦭꦺꦤ꧀ꦝꦿꦺꦴꦈꦠꦮꦥꦺꦭꦺꦴꦒ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦶꦏꦤ꧀ꦛꦺꦤꦶꦫꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤꦶꦁꦧꦱꦱꦸꦩꦮꦤꦱꦱ꧀ꦠꦿꦱꦶꦁꦒꦸꦩꦛꦺꦴꦏ꧀꧈ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦩꦕꦥꦠ꧀ꦏꦪꦠꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ꧉


Sumber:

Muh. Mawardi, Marwanto (1992). Tuntunan Sekar Macapat. Semarang: PT Tiga Serangkai

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...