Friday 17 July 2020

Monumen Pangeran Diponegoro

Semaken Video berikut!


utawa klik link iki!
https://youtu.be/cwntR1KHEOY

Wacanen kanthi patitis!
Monumen Pangeran Diponegoro

Dhek dina Minggu sasi kepungkur Bawa karo bapak lan ibune menyang Monumen Diponegoro. Papane ana ing Jalan HOS Cokroaminoto, Tegalrejo, Ngayogyakarta. Prenahe, sakulon Stasiyun Tugu kira-kira telung kilometer.
Bima lan bapak ibune budhal saka ngomah watara jam enem esuk numpak bis. Tekan terminal Giwangan Bawa banjur ganti numpak bis kota jalur 12 ngliwati prapatan Wirobrajan ngalor mlumpat rel sepur Tegalreja. Mudhun saka bis kota, Bawa mlaku ngulon sedhela wis tekan plataran parkir monumen.
Bawa lan bapak ibune banjur mlebu ing monumen liwat gapura dhapur semar tinandhu. Sacedhake gapura ana patung Jenderal Sudirman lan Jenderal Urip Sumoharjo. Uga ana relief kang nggambarake perange laskar Diponegoro mungsuh Kompeni Walanda. Tekan plataran monumen Bawa weruh ana tunggak wit manggis. Wit manggis iku biyen kanggo nyencang jarane Pangeran Diponegoro.
Bawa banjur mlebu monumen liwat pendhapa tekan jero dalem Tegalrejo sing saiki kanggo museum. Isine museum wujud barang-barang tinggalane Pangeran Diponegoro, kayata: Al-Quran, jubah, teko cangkir, keris, meja kursi, lan liya-liyane.

Rembugen karo kanca tembung iki banjur terangna tegese!
Anggone padha rembugan bisa kanthi gunakake piranthi komunikasi!
Gunakake uga bausastra utawa kamus basa Jawa kanggo golek tegese tembung!
1
Kepungkur

2
Monumen

3
Prenahe

4
Budhal

5
Plataran

6
Gapura

7
Dhapur

8
Tinandhu

9
Relief

10
Laskar

11
Tunggak

12
Pendhapa

13
Dalem

14
Museum

15
Jubah


Isenana ceceg-ceceg kanthi milih tembung ing njero kothak!
1.    Pangeran Diponegoro ngunjuk ngagem ...
2.    Tunggak wit manggis ana ing Museum Pangeran Diponegoro biyen kanggo nyencang ....
3.    Dhek Minuggu Bawa dolan menyang ... Pangeran Diponegoro.
4.    Saiki saben dalan mlebu kampung dibangun ....
5.    Pangeran Diponegoro ngagem ... putih.
6.    Ing tembok Candhi Prambanan diukir ing watu wujud ... crita Ramayana.
7.    Bise diparkir ana ing ... museum.
8.    Sesuk Minggu Bawa arep menyang ... Jogja Kembali.
9.    ... Tegalrejo saiki dadi papan wisata.
10.  Museum Pangeran Diponegoro ... ing Jalan HOS Cokroaminot, Tegalrejo, Ngayogyakarta.

beskap – relief – plataran – papane – monumen – gapura – teko – cangkir – jaran – museum – kampung
 
 

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...