Tuesday 22 September 2020

Wayang Baratayuda (2) Gathutkaca Gugur

 Wacanen kanthi patitis!

Gatutkaca Gugur

Lingsir wengi, ing Pesanggrahan Randhu Watangan, Prabu Kresna ndhawuhi Raden Gathutkaca minangka senapati Pandhawa ngadhepi senapati Ngastina, Prabu Karna. Nampa dhawuh minangka senapati, Raden Gathutkaca mongkog lan seneng atine. Wis sawetara Raden Gathutkaca ngarep-arep kepengin dadi senapati labuh marang nusa lan bangsa. Raden Gathutkaca kepengin numpes Kurawa sing duwe watak culika.

Sadurunge budhal maju perang Raden Gathutkaca nyuwun pamit marang ibune. Midhanget putrane arep madeg senapati, Dewi Arimbi bombong penggalihe. Senajan ing batin ana rasa kuwatir marga bakal mungsuh Prabu Karna nanging Dewi Arimbi eklas yen putrane arep labuh marang negara.

Sawise pamit keng ibu Raden Gathutkaca tumuli ngirit wadyabala maju perang ing Tegal Kurusetra. Raden Gathutkaca ngerikgake wadyabalane kang wujud rakseksa. Raden Gathutkaca ngamuk ing paprangan. Wadyabala Kurawa akeh kang tiwas saka pangamuke Raden Gathutkaca. Pirsa wadyabala akeh kang nemu tiwas, Prabu Karna nglepasaken senjata Kunta. Gathutkaca enggal mabur dhuwur. Senjata kunta nututi abure Raden Gathutkaca. Kocapan sukmanipun Kala Bendana, pamane Raden Gathutkaca, enggal nyaut senjata Kunta. Kala Bendana banjur mrepegi Raden Gathutkaca kang lagi sare ing dhuwur mega. Raden Gathutkaca pirsa ingkang paman mrepegi, kelingan dosane jaman semana. Raden Gathutkaca biyen ora njarag merjaya Kala Bendana.

Raden Gathutkaca banjur pasrah marang Kala Bendana. Senjata KKunta katamakake pusere Raden Gathutkaca, Gathutkaca gugur. Ragane Raden Gathutkaca tiba ing Tegal Kurusetra. Kreta titihane Prabu Karna ajur mumur. Para Kurawa akeh kang nemu tiwas ketiban ragane Raden Gathutkaca.

 

Rembugen bareng kancamu nganggo media komunikasi!

Paraga ana ing crita lan watake:

1. ..................................... watake ............................................................................................

2. ..................................... watake ............................................................................................

3. ..................................... watake ............................................................................................

4. ..................................... watake ............................................................................................

5. ..................................... watake ............................................................................................

Piwulang becik ana ing crita:

..................................................................................................................................................

..................................................................................................................................................

..................................................................................................................................................  

Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tetembungan sing mathuk!

1.    Nalika nampa dhawuh minangka senapati, atine Raden Gathutkaca rumangsa ....

2.    Raden Gathutkaca kepengin labuh marang ....

3.    Sadurunge budhal maju perang Raden Gathutkaca nyuwun pamit ibune, yaiku ....

4.    Raden Gathutkaca perang mungsuh ....

5.    Wadyabalane Raden Gathutkaca wujud ....

6.    Wadyabala Kurawa akeh kang ... saka pangamuke Raden Gathutkaca.

7.    Pusakane Prabu Karna yaiku ....

8.    Sing nyaut senjata Kunta yaiku ....

9.    Kala Bendana iku ... Raden Gathutkaca.

Para Kurawa akeh kang nemu tiwas ketiban ... Raden Gathutkaca

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...