Tuesday 29 September 2020

Wayang Baratayuda (3) Duryudana Gugur

Wacanen kanthi patitis!

Duryudana Gugur

Tentara Ngastina wis kelangan panguwasa amarga pejahe Prabu Salya ing tangane Prabu Puntadewa. Duryudana mlayu menyang alas amarga dheweke wedi yen kubu Kurawa kocar-kacir ora ana sing mimpin mula kubu Kurawa bali menyang perkemahan.

Minggu kepungkur tanpa aktivitas paprangan liyane. Wrekudara isi mimpin paprangan karo Arjuna ing sayap tengen lan Nakula Sadewa ing sayap kiwa. Nanging para Pandhawa ngira Kurawa ora katon nyiapake perang, ananging Prabu Kresna dhawuh yen wektu kanggo mungkasi Bharatayuda wis teka. Bebarengan karo Prabu Kresna para Pandhawa goleki papan panggonane para Kurawa, jebul ana ing tengah alas. Sing ditemokake kaoisanan yaiku Duryudana sing lagi kungkum ing banyu. Weruh tekane para Pandhawa, Duryudana banjur kaweden lan kaya wayang linglung, malah omongane ora karuan.

Pembarep Pandhawa yaiku Prabu Puntadewa sing duwe watak sabar nanggepi nganggo ati sing sareh lan nakoni Duryudana arep milih tanding karo sapa. Krungu kandhane Puntadewa Duryudana banjur mikir, menawa Pandhawa lima kuwi para satriya sing sekti mandraguna lan duwe pusaka sing ampuh. Sawetara rampung mikir Duryudana milih Wrekudara salah sijine Pandhawa sing mateni Kurawa paling akeh lan uga mateni Paman Sengkuni kanthi disuwek lambene, saka kuwi Duryudana duweni dendam karo Wrekudara. Ewadene Wrekudara sing uga ngareo dipilih Duryudana.

Perang Bharatayuda diwiwiti maneh lan uga dadi perang sing pungkasan antarane Pandhawa lan Kurawa. Duryudana lan Wrekudara perang nganti mati-matian. Kekarone duwe awak gedhe kayadene raseksa uga duwe senjata sing padha yaiku gada rujakpolo. Ing paprangan Wrekudara sempet oleng nalika mahkotane kena gadane Duryudana, saka iku Arjuna sing nonton paprangan kasebut banjur kuwatir marang keslametane sedulure.

Prabu Kresna ngendika yen kelemahane Duryudana iku ana ing pupu kiwane sebab nalika cilik tau adus banyu suci ananging pupu sebelah kiwane ketutup karo godhong lan ora kena banyu suci, mula iku sing dadi kelemahane. Krungu pratelane Prabu Kresna, Arjuna banjur marani ing arena paprangan tumuju menyang Wrekudara lan wenehi ngerti babagan kelemahane Duryudana. Wrekudara ora suwe-suwe langsung ngarahake gada rujakpolo menyang pupu kiwane Duryudana agawe oleng lan tiba. Duryudana banjur lemes ora duwe daya. Wrekudara iseh midaya nyuwek-nyuwek nganggo kuku pancanaka nggawe cacat awake Duryudana. Ngerti tumindake Wrekudara, Prabu Kresna banjur paring prentah supaya mejah Duryudana. Wrekudara banjur mungkasi perang Bharatayuda kanthi matine Duryudana. Baladewa langsung maju ing tengah arena. Dheweke ngumumake perang kanthi nyatakake kemenangan Wrekudara. Bharatayuda rampung kanthi kamenangan Pandhawa.

 

Rembugen karo kancamu nganggo piranthi komunikas, isi wacan kasebut!

Garapen kanthi bener manut isine wacan!

1.    Apa irah-irahan wacan kasebut!

Wangsulan : .....................................................................................................................

2.    Prabu Duryudana iku pemimpine kubu ngendi?

Wangsulan : .....................................................................................................................

3.    Prabu Puntadewa iku pemimpine kubu ngendi?

Wangsulan : .....................................................................................................................

4.    Sapa sing mejahi Prabu Salya nalika perang Bharatayuda?

Wangsulan : .....................................................................................................................

5.    Ana ing ngendi Kurawa umpetan?

Wangsulan : .....................................................................................................................

6.    Apa senjatane Prabu Duryudana?

Wangsulan : .....................................................................................................................

7.    Genea Prabu Duryuana milih Wrekudara dadi lawan tandhing?

Wangsulan : .....................................................................................................................

8.    Kepriye carane Wrekudara mateni Patih Sengkuni?

Wangsulan : .....................................................................................................................

9.    Apa kelemahane Prabu Duryudana?

Wangsulan : .....................................................................................................................

10.  Sapa sing ngumumake kemenangane Pandhawa ing perang Bharatayuda?

Wangsulan : .....................................................................................................................

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...