Sunday 12 September 2021

Museum, Tembung Garba lan Tembung Entar, Ukara Baku lan Gagasan Baku

 

A.   Museum

Sapa sing wis tau menyang museum? Prasasat meh kabeh bocah klas 6 wis padha menyang museum. Yen durung tau menyang museum, kapan wektu lodang bisa ngajak bapak lan ibune menyang museum. Museum yaiku papan sing nyimpen barang-barang bersejarah. Dolan menyang museum bisa nambah kawruh. Museum sing ana Yogyakarta akeh banget.

Tuladha :

1.    Museum Sonobudoyo

2.    Museum Affandi

3.    Museum Monumen Yogya Kembali

4.    Museum Gunung Merapi

5.    Museum Benteng Vredeburg

6.    Museum TNI AU Dirgantara Mandala

7.    Museum Dewantara Kirti Griya

8.    Museum Gembira Loka

B.   Tembung Garba lan Tembung Entar

Tembung garba yaiku tembung kang duweni teges asli, dene tembung entar yaiku tembung kang duweni teges kias utawa konotatif.

Tuladha:

1.    Tembung garba

Nunik nandur kembang ing kebon

Kembang = sekar

2.    Tembung Entar

Dwi Lestari dadi kembang desa ing Desa Tawang.

Kembang desa = pepujaning priya

C.   Ukara Pitakon

Ukara pitakon racake migunakake tembung pitakon: apa, sapa, kapan, pira, kepiye, ing ngendi, lan genea.

Tuladha :

1.    Apa kowe wis sinau basa Jawa kanggo PTS?

2.    Sapa sing wingi melu plesir ing Prangtritis?

3.    Kapan jadwale PTS basa Jawa?

4.    Pira regane buku paket basa Jawa?

5.    Kepiye carane nembang Mijil?

6.    Ing ngendi lomba nembang Mijil dianakake?

7.    Genea kowe bisa dadi juwara klas?

D.   Ukara Baku lan Ide/Gagasan Baku

Ukara baku ana ing saben alinea/paragraf, mapane ana ing ngarep utawa mburi alinea. Ing saben ukara baku ana ide/gagasan baku.

Tuladha :

Satria bocah seneng maca buku. Ing sekolah dheweke sregep maca buku pelajaran. Wayah umbar digunakake kanggo menyang perpustakaan saperlu maca buku crita. Ing ngomah uga melu maca korane bapake. Ora lali Satria nyatet apa sing penting ana buku kang diwaca.

Ukara bakune                  : Satria bocah seneng maca buku.

Ide/gagasan Baku           : seneng maca buku

 

Gladhen

Semaken wacan iki!

Museum Yogya Kembali

Sumber gambar: http://www.slemankab.go.id/

Dina Kemis klase Amelia lan kana-kancane ing klas 6 SD Nusantara melu wulangan ing njaba kelas menyang Museum Yogya Kembali. Saka sekolah rombangan numpak bis watara 15 menit perjalanan. Monumen Yogya kembali dumunung ing Jongkang, Sariharjo, Ngaglik, Sleman. Monumen Yogya Kembali pinangka tetenger sejarah mundure serdadu Walanda saka Ngayogyakarta, yaiku tanggal 21 Juni 1949. Monumen dibangun awit prakarsane Kolonel Sugiyarto, Wali Kota Ngayogyakarta wektu kuwi. Peresmian monumen lan tandha tangan prasasti tanggal 6 Juli 1989 dening Presiden Soeharto.

Tekan museum para siswa banjur didumi tiket. Kanthi antre, tiket banjur diaturake marang petugas jaga ana ing gerbang mlebu.  Sawise ana ing plataran ngarep museum, Pak Guru dhawuh supaya para siswa ora pisah, njaga katertiban, lan nindhakake tugas ngamati koleksi ana ing Museum Yogya Kembali. Asile ngamati banjur dicatet ing lembar tugas sing wis diparingake.

Para siswa banjur nindhakake dhawuh Pak Guru. Para siswa ngamati koleksi ana ing museum. Koleksine werna-werna, kayata : senjata jaman biyen, sragam tentara, photo perjuangan, evokatif dapur umum jaman perang, lan sapiturute. Sinambi ngamati koleksi, para siswa nyatet apa sing penting saka asil anggone ngamati. Sawise kemput anggone padha maspadakke isine museum, banjur bali ing sekolah. Tekan sekolah asil catetan banjur disusun gawe palaporan.

 

Garapen manut asile nyemak!

1.    Apa irah-irahan wacan kasebut? ............................................................................

2.    Kapan monument diresmikake? ............................................................................

3.    Apa tujuwan dibangun Monumen Yogya Kembali? .............................................

4.    Sapa sing mrakarsani pembangunan Monumen Yogya Kembali? ........................

5.    Kepiye dhawuhe Pak Guru marang para siswa? ...................................................

1 comment:

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...