Monday 22 August 2022

Tembung Entar

Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora padha karo teges satenane.

Tuladha: ngangsu kawruh ora teges ngunggahake kawruh saka sumur, ananging tegese golek ngelmu.


Asesmen Formatif

Gladhen:

Tembung-tembung entar iki golekana tegese!

1. Anggone ngajak dolan mung kanggo abang-abang lambe.

2. Sing jaga museum kae pancen alus tembunge.

3. Aja cilik ati, kowe mesthi dijak menyang museum.

4. Melu menyang museum ya oleh, nanging ing kana aja dadi gawe.

5. Ana ing museum akeh barang kang pengaji, aja dawa tangane!

6. Bu guru nganti entek atine, nggoleki Bagas ora ketemu-ketemu.

7. Niken kae dadi kembang lambe ing sekolahane.

8. Aja dadi bocah sing lunyu ilate, mundhak disengiti kancane.

9. Saiki kowe wis klas enem, aja mogol sinaune.

10. Yen wis niyat sekolah aja medhot dalan.


Sumber:

Ari Yuliati. (2018). Ajar Basa jawa. bahan Ajar Bahasa Jawa untuk SD/MI kelas VI. Yogykarta: DIKPORA DIY

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...