Monday 22 August 2022

Museum Ulen Sentalu

 Museum Ulen Sentalu mapan ing Jalan Boyong Taman Wisata Kaliurang. Adohe kira-kira selawe kilometer saka kutha Ngayogyakarta. Prenahe, saka Ngayogyakarta ngalor liwat Jalan Kaliurang. Tekan Gerbang Kaliurang ngalor. Udakan limang atus meter ana pratelon maneh banjur menggok nengen pitung atus meter wis tekan Museum Ulen Sentalu. 

Museum Ulen Sentalu dibangun dening Yayasan Ulating Blencong wiwit tahun 1994 lan diresmikake nalika tahun 1997 dening KGPAA Paku Alam VIII, Gubernur DIY wektu iku. Yayasan Ulating Blencong iku kagungane kulawarga Haryono saka Ngayogyakarta kang disepuhi dening Paku Buwono XII, Paku Buwono XII, Paku Alam VIII, GPBH Poeger, GRAy Siti Nurul Kusumawardhani, Hartini Soekarno, lan Samuel Wedyadiningrat.

Koleksi Museum Ulen Sentalu wujude werna-werna. Museum Ulen Sentalu diperang dadi pirang-pirang ruwangan. Saben ruwangan nyimpen koleksi beda-beda. Ana ruwang tari lan gamelan. Ana ruwang lukisan-lukisan tokoh dinasti Mataram. Ana ruwang sayir-syair. Ana ruwang bathik. Ana ruwang mligi foto putri Mangkunegara VII. ANa ruwang lukisan para raja Mataram, lan liya-liyane.

Museum Ulen Sentalu bukak saben dina Selasa tekan Ahad. Selasa tekan Jemuwah bukak jam setengah sanga tekan jam papat sore. Dina Setu lan Ahad bukak nganti jam lima sore. Dina Senen tutup.


Asesmen Formatif

Gladhen:

Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi bener!

1. Museum Ulen Sentalu iku papane ana ngendi?

2. Sapa sing mbangun Museum Ulen Sentalu?

3. Kapan Museum Ulen Sentalu wiwit dibangun?

4. Apa wae koleksi ing Museum Ulen Sentalu?

5. Kapan Museum Ulen Sentalu bukak?


Sumber:

Ari Yuliati. (2018). Ajar Basa jawa. bahan Ajar Bahasa Jawa untuk SD/MI kelas VI. Yogykarta: DIKPORA DIY

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...