Tuesday 23 August 2022

Tembang Mijil

 Mijil


Mulanipun wekas ingsun iki,

den kerep tetakon

aja isin ngetokken bodhone

saking bodho witing pinter ugi

mung Nabi sinelir

pinter tanpa wuruk


sabakdane tan ana kadyeki

pinter tanpa takon

apan lumrah ing wong urip kiye

mulane wong anom den taberi

angupaya ngelmu

pan dadi pikukuh


Tegese tembung

wekas : weling

ingsun : aku

den kerep : dikerepi, sing kerep

witing : jalarane

sinelir : diselir, dibedakake

wuruk : wulang

sakbakdane : sawise

kadyeki : kaya iki

apan : sebab

kiye : iki

den taberi : disregepi, sing sregep

angupaya : golek

pan : sebab, jalaran

pikukuh : pikuat

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...