Monday 22 August 2022

Peninggalan Sejarah

 Sejarah minangka carita babagan urip sing bener kedaden. nalika peninggalan sejarah kasebut minangka warisan ing jaman kapungkur sing nduweni nilai historis. Ana macem-macem wujud peninggalan sejarah. Peninggalan sejarah bisa dadi fosil, peralatan saka jaman dhisik, prasasti, patung, bangunan, manuskrip, lan crita utawa saga. 


Candhi Prambanan

Nalika ngepasi liburan Niken karo bapak lan ibune menyang Candhi Prambanan. Candhi Prambanan iku Candhi Hindu kang ana wewengkon Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. 

Sawise tekan Candhi Prambanan, Niken rumangsa nggumun marang endhahe Candhi Prambanan. Candhi Prambanan iku wis kondhang ing nuswantara. Candhi Prambanan uga sinebut Candhi Rara Jonggrang ringgalane masyarakat agama Hindhu nalika jaman kuna.

Niken karo bapak lan ibune banjur mlebu ing plataran Candhi Prambanan. Candhi-candhi iku dumunung ing palataran kang dikupeng pager tembok. Ing plataran tengah ana candhi cacahe enem, larikan mangidul. Ing sisih kulon ana candhi cacah telu madhep ngetan. Ing sisih wetan ana candhi cacah telu madep ngulon. Miturut bapak, larikan sisih kulon ing tengah candhi ana Candhi Syiwa, dene larikan sisih wetan kang tengah ana Candhi Nandhi.

Niken banjur ngerti menawa Candhi Prambanan iku tinggalane kabudayan leluhur kang kudu dijaga supaya lestari. Njaga tinggalane leluwur tegese bekti marang bangsa lan negara.

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...