Thursday 3 August 2017

Parikan

Parikan kuwi padha karo pantun ing basa Indonesia.Supaya ora gampang lali dieling-eling wae yen tembung parikan kuwi asale saka tembung "pari" krama inggile dadi pantun.

Parikan nduweni paugeran:
1. Parikan rong gatra:
    - migunake purwakanthi guru swara (sajak): a - a
    - gatra kapisan minangka sampiran, gatra kaping loro minangka isi

Tuladha:
a.  Lombok rawit dibetheti
    Dadi murid sing taberi

b. Mancing wader oleh yuyu
    Ben pinter sregep sinau

c. Menang kalah aja nesu
    Dadi bocah kang satuhu

d. Blarak disampirke
    Omah cedhak ra ngampirke

e.  Enak jagung bakarane
    Wani tanggung perkarane

2. Parikan patang gatra:
    - migunakake purwakanthi guru swara (sajak): a - b - a - b
    - gatra kapisan lan kaping loro minangka sampiran, gatra kaping telu lan kaping papat minangka isi

Tuladha:
a.  Pait niki raos jamu
    Manis niki raos gendhis
    Sinten remen maos buku
    Luber ngilmu ugi wasis

b.  Aja dha dolanan kethu
    Yen nyokot angel carane
    Aja dha dolanan kertu
    Yen nyokot angel tambane

c.  Mlinjone kok abang-abang
    Wit ringin rambati kara
    Contone ra kurang-kurang
    Wong main dadi sengsara

d. Godhong jarak warnane ijo
    Dimamah dadi blokekan
    Lali anak lali bojo
    Lali omah lali gawean

Gladhen:
Parikan iki rampungna!
1. Tawon madu ngisep sekar
    Yen sinau ....

2. Brambang diiris-iris
    Mata abang ....

3. Jemek-jemek gula Jawa
    Aja ngenyek ....

4. Sepet-sepet sawo mentah
    Ngampet-ngampet selak ....

5. Wedang bubuk gula Jawa
    Yen kepethuk ....

Sumber Pasinaon:
Haryono, dkk. (2011) Sinau Basa Jawa Gagrag Anyar Kelas VI SD/Mi. Yogyakarta: Yudhistira

No comments:

Post a Comment

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...