Thursday 3 August 2017

Tembung Garba lan Tembung Entar

Tembung Garba
Tembung garba yaiku jenise tembung kang ngemu surasa sak nyatane.
Tuladha:
1.  Ambar nyirami kembang ing plataran.
     kembang = sekar
2.  Sigit lara mata merga klilipen.
     mata = perangan awak kanggo ndeleng/nyawang.
3.  Tangane sing kecethit dipijetake.
     tangan = perangan awak sing kanggo gumlawat.

Tembung Entar
Tembung entar yaiku jenise tembung kang ngemu surasa ora sak nyatane utawa nduweni teges kang kias. Ing Basa Indonesia tembung entar diarani ungkapan. 
Tuladha:
1.  Septiana dadi kembang desa ing Desa Kweni.
     kembang desa = pepujaning priya
2.  Matane ijo nalika weruh dhuwit atusan ewu.
     matane ijo = seneng
3.  Ngati-ati bocah kae dawa tangane.
     dawa tangane = seneng colong jupuk/clemer

Gladhen:
Wenehana aksara (G) ukara kang ngemu surasa garba lan aksara (E) ukara sing ngemu surasa entar!
Tuladha:
Sandi kuwi landhep pikire, saben lomba mesthi juwara.
Tanganku kena peso landhep nganti metu getihe.

1. Pejabat sing korupsi dadi kembang lambe warga.     ( ... )
2. Sing putih iki jenenge kembang menur.    ( ... )
3. Kupinge abang amarga dijewer bapakne.    ( ... )
4. Omonganmu sing nylekit kuwi gawe abang kupingku.    ( ... )
5. Wong nggegem tangan wae kuwi adoh rejekine.    ( ... )
6. Tangane nggegem-nggegem kaya arep ngantem.    ( ... )
7. Ati sekilo disambel goreng lombok ijo.    ( ... )
8. Aja sok gawe lara atine wong liya, ora becik.    ( ... )
9. Bocah kok tipis lambene, apa-apa dicatur.    ( ... )
10. Tari lambene tipis, yen mbenges katon ayu.    ( ... )

Sumber Pasinaon:
Haryono, dkk. (2011) Sinau Basa Jawa Gagrag Anyar Kelas VI SD/MI. Yogyakarta: Yudhistira

1 comment:

Featured post

Pengertian Rubrik

Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas VI : Rubrik adalah kepala karangan (ruang tetap) dalam media cetak baik surat kabar maup...